Kidung Sawijining Dina - Sukadi.net

August 14, 2010

Kidung Sawijining Dina

Kang tansah tak eling-eling
Sawijining dina,
Kang mawa cahya
Hanggawa katentremaning ati
Ora ana kang luwih ayem
Kajaba sliramu sawiji cah ayu

Aku melu ngrasakake
Bebasan tanduran aku kang nyirami
Wingi sing wis tak liwati
Ninggalake rasa kang tanpa duga

Duh Ratu Kencana Wungu
Mangertia
Dina iki pancen dinamu
Ora ana kang luwih ayem
Kajaba sliramu sawiji cah ayu

Bagikan artikel ini

9 comments

  1. kidung sawijining dino, kanggo wong kang di tresnani...

    ReplyDelete
  2. rada ngerti... rada bingung juga >.<

    ReplyDelete
  3. @lina: maturnuwun...

    @s-disini: siip... :)

    @inge: hanya belajar mencintai, bahasa ibu tak harus hilang, meski hanya diri sendiri yang memahami...he.he.. maturnuwun

    ReplyDelete
  4. wah aku nggak ngerti nih...translate dong

    ReplyDelete
  5. tumlawung rasa ngulandara
    kagodha mring wewayangan
    kang tansah angreridhu jiwa

    dhuh katresnanku kenya ayu
    kaya ratu kencana wungu
    ana ngendi paranmu
    enggal bali lan tambanana
    kangen ing jero dhadhaku...

    salam gurit kang mas

    ReplyDelete
  6. @rizal: translator goole tidak mendukung bahasa jawa mas.. :)

    @Zamroni AB: maturnuwun sampun kersa mampir Pak, nyuwun pangapunten mbok bilih panggenanipun damel mboten renaning penggalih panjenengan... nuwun

    ReplyDelete
  7. sae kekidunganipun kang mas...
    saestu ingkang prayogi sumangga sareng2 berekspresi hehehe

    ReplyDelete
  8. Many techies and Apple fans has speculated about the release date of the upcoming iPhone.

    ReplyDelete